Minggu, 17 Februari 2008

SMS


Thursday, December 13, 2007

Dimana mana nek ana Wong akeh mesti ana Ceritane sing lucu dan unik, Kaya kie Nang HongKong kisahe sing pada biasa njekeli Hp, agi suntuk alias borring ijig ijig HpKu Bergetar karena pancen ora Tek onikna kur tek getarna thok lah isine SMS e kayakie



Tawon Madu Isep Sekar *Dadi Babu Kudu Sabar*
Ngombe Jamu Keliru Lengo *Dadi Babu ojo Neko Neko*
Pamit Ngarit Malah Minggat *Jare Ngirit Kok Malah Mlarat*
Kawat Nggo NAleni Boto *Meski MLarat yo ojo Nelongso*
Ono Munyok Nggawe KOco Moto yo kui sing lagi Moco*

Nrima Sms kayakue aku ya ora kalah saing tek tulis sing isine

Babu Dasare Lemu lan kemayu, Gayane mangan lan Turu
Klambi Opo wae ditiru Jarene Model Terbaru
Yen mlaku karo ngguya ngguyu
Diceluk Wong lanang jerene I LOVE YOU
Ra ngertia mung pengen dijak Turu
Bar wulan 7 wetenge kok tambah lemu
Libur Dino Minggu mlayu munggah terjun soko omah tingkat 7
Yaaa Moga moga jadi hantu, biar tambah seru.

Wis nek kaya kie seru banget ana balesane maning

Tombo ati ono 6 sakwernane,
Pertama Bojo sholeh ganteng Rupane,
kaping pindo Ndue umah sak isine
Kaping telu Sugeh Duit nang rekeninge,
Duwe Mobile sak sopire
kaping Limo gelem Ngeloni sak lawase,
Sopo biso Nemu Bojo koyo ngono mugi mugi adem lan ayem uripe..
kaping 6 Kerjo wengi sak lemese

Pancen wong edan ana baen jawabane, tak jawab maning sing Mandan ngawur

WANITA ZAMAN EDAN…Model baju ala KEBARATAN
Tak peduli susu agak KELIHATAN, yang penting menarik PERHATIAN
Tak peduli jadi OMONGAN, asal dapat uang JUTAAN,
Apalagi kalo dapat mangsa umur sembilan PULUHAN,
Tingga nunggu jatah WARISANHidup senang tanpa BEBAN
Tak peduli lagi namanya KEHORMATAN
Cuman uang yang di PIKIRKAN

tapi mburi mburine mbarang di tulis sing kayakie
Selembar Godong waru tak tulisi I LOVE YOU, tapi Sayang... Wongtuo ora setuju,
WAhai Calon Mertuoku aku tresno neng anakmu, Opo aku kurang ayu mergo kedawan untuku utowo mergo gusiku metu...?
OH....Nasibku...!!
Ora mergo kwi Calon Mantuku amargo kupingmu wes maleh dadi sungu
yen dikandani wongtuo ora nggugu, isone mung mecucu, kupingmu di tindik pitu, Rambute di semir Ungu,dikepang telu, mlaku dewe karo ngguya ngguyu.....

Kata terahir tuk yang baca
Kota kudus Gunung muria jangan dianggap serius aku cuman becanda

Posted by cewekndeso at 11:05 PM 18 comments Links to this post

NELANGSA

Wednesday, December 12, 2007
wong sing pada kerja nang Hongkong janjane nek duite di kumpulna bisa sugih luh. bayangna gajihe sewulane wis di tentukena standar HKD$3480 nek di etung nang Rupiah nek kurse paling rendah Rp1150/$1 jumlaeh Rp.4002000 kue resik olih mangane wis ana jatah tekan majikan manggon juga gratis nangumaeh majikan.

nek ngetung gajieh tah wach sekian tp ndeleng perinciane mesti gedeg gedeg. Libure Tiap minggu karo tanggal abang jenenge babu hongkong ora kalah karo sing kerja kantoran tanggal abang ya pada bae libur, jekelane Hp Bayar rekeninge $288 kue nek menitane sing di jatah sewulane ora jebol, tp nek jebol kadang sampe mluncak dadi $1500 plus tambah Pulsa sing nggo pranti Telp meng Indonesia karo Bojo utawa Pacar Ato Gendakan kurang lewihe $600, urung maning nek libur transportasine karo mangane $200 ya metu saben minggune. apamaning nek sing jekelane laptop ketambahan mbayar internete $150 utawa $200/wulan
kue kabeh urung di tambah karo tuku sabune shampone softeke komlpit kabeh jumlaeh ya mandan sangar gajih sewulan entek hihii nlangsane.

kue kabeh tergantung wonge sing nlakoni nek bocaeh gemi ya bisa olih duit nek ora ya anu kaya aku kie:D borose, nganti sering di omaih nang ramane karo biyunge []

saka:

kene

2 komentar:

cewekndeso mengatakan...

halah disini kok ada raiku

pembaca peduli mengatakan...

iya mbak, tulisane sampeyan apik tenan kie. mbok yen kepareng dipunkintuneken biodatane sing ganep ngoten loh. lah jenenge sapa, asline saka jawa tengah banyumasan sing sisih pundi, nggih? kesuwun.