Jumat, 11 Januari 2008

Bali saka Hongkong: Lik Kis Pengin Bukak Cafe lan Terus Nulis


’’Janma tan kena kinira, bathok bolu isi madu.’’ Mangkono unen-unen kang saiki wis ora populer lan ora pati dianggep. Upamane, dening sapa wae sing nganggep manawa pekerja rumah tangga utawa domestic worker [kerep diarani: rewang, batur, babu] kadidene pakaryan kang asor drajate. Lik Kismawati, sangsaya cas-cis-cus basa Inggris-e, dadi aktivis, lan sangsaya mekar bakat nulise sawise 7 taun dadi rewang neng Hongkong.



Dadi TKI watara 7 taun ing Hongkong wus cukup tumrap Lik Kis [jeneng jangkepe: Lik Kismawati].’’Sabisa-bisa aku ora arep bali kerja neng luwar negri maneh,’’ kandhane pawestri asal Desa Kraton, Krian, Kabupaten Sidoarjo, Jawa Timur, iki. Lha, njur, apa rencanane sabanjure?

Ing kulawargane, Lik—ngono biasane dheweke diundang— iki anak mbarep. Sedulure 4. Kadidene anak mbarep, kenya 27 taun iki ngrumangsani gedhene tanggungjawabe. Apamaneh ngelingi yen kulawargane klebu sekeng. Ya merga sekenge kulawargane kuwi, biyen Lik mung bisa mungkasi sekolahe ing kelas 2 SMA.

Lik Kis dadi TKI wiwit November 1999 ing Hongkong nganti 15 Juni 2006. Dheweke rumangsa jinangkung pengeran jalaran sasuwene megawe ing Hongkong ora nate kepalang prekara sing abot. Majikane wong Hongkong asli. Majikan lanang pegawe restoran, dene Si Nyonya megawe ing rumah sakit.

Ing negarane Andy Lauw kuwi, Lik aktif ing organisasi Indonesiaan Migrant Worker Union (IMWU), lan ing pakumpulane para penulis: Komunitas Perantau Nusantara (Kopernus), lan Café de Kosta.

Kadidene anggota IMWU, dhek November 2005, Lik diprecaya makili organisasi TKI iku nekani acara ing Korea suwene 12 dina.

Pinter Nulis

Lik Kish hobi, lan dhasare pancen pinter nulis. Tulisane kang sepisanan kapacak ing kalawarti arupa reportase, yakuwi ing Tabloid Suara (Hong Kong). Tulisan sabanjure arupa esai lan crita cekak abasa Indonesia, kapacak ing kalawarti-kalawarti babaran Hongkong kaya ta: Intermezo, Berita Indonesia, Peduli, Ekspresi, lan Apa Kabar. Sawatara crita cekake uga kapacak ing ariwarti babaran Indonesia: Sinar Harapan (Jakarta) lan Surya (Surabaya). Saperangan cirta cekake Lik uga kapacak ing buku-buku kumpulan crita cekak: Kumpulan Cerpen Srikandi (2006), Nyanyian Imigran (2006), lan Selasar Kenangan (2006).

Kanthi tulisan-tulisane, Lik uga klebu kerep menang lomba. Wadon sing ora doyan pedhes iki tau dadi Juara II lan Juara Harapan III ing sayembara ngarang crita cekak kang dianakake dening Forum Lingkar Pena (FLP) Hongkong tahun 2005.

Suka-sekele Urip neng Paran

Jenenge wae wong bara, urip adoh saka kulawarga lan kampung kelairan, rasa kangen kuwi sok nganti thukul dadi prenthuling luh kang banjur tumetes nelesi pipi. Luwih-luwih, upamane, ing malem lan dina riyaya, ati rasane kaya nelangsa merga ora bisa kumpul kulawarga. Untunge, ujare Lik, neng Hongkong akeh kancane. Kanthi aktif ing organisasi lan nindakake bab-bab sing positif, ati kang sok tumlawung bisa dadi lejar.

Lik banjur kandha manawa rasa sedhih kang paling nandhes ing batine dhek isih ana Hongkong yakuwi nalika nampa kabar manawa wong tuwa lanange kang nyambutgawe dadi sopir, Sutrisno, tilar donya (Desember 2003). ’’Rasaku sedhih banget wektu kuwi,’’ kandhane Lik kang ngaku nganti seprene durung duwe pacangan iki.

Pengin Bukak Café

Sawise bali bali saka Hongkong, Lik mantep ora bakal budhal dadi TKI maneh. Dheweke pengin bukak usaha dhewe senajan cilik-cilikan. ’’Aku pengin wirausaha. Saiki isih nimbang-nimbang, milang-miling, endi sing sekirane nguntungake lan bisa taktindakake, sambi nerusake hobiku nulis,’’ ujare.

Kanggo pawitan, saiki Lik wis tuku lemah ing tlatah Gresik perangan kidul. ’’Saiki aku ya durung ngreti bakal taknggo apa lemah kuwi. Nanging, takkira bakal nguntungake, jalaran krungu-krungu neng kono mengko bakal dibangun tol Surabaya – Mojokerto, malah bakal ana terminale barang.’’

Pengin bukak usaha apa? ’’Penginku sih, bukak café. Sajake, ing lingkunganku usaha iku kepetung nguntungake,’’ mengkono pratelane Lik kang saiki isih kumpul wong tuwane ing Krian, Sidoarjo. [BONARI NABONENAR/KUSWINARTO]
sUmber: Majalah Jaya Baya

0 komentar: