ana sing pengin nggelar pelatihan nggunakake internet kanggo para kulawarga (adik utawa emak, utawa bapak, utawa suami, utawa istri, utawa kakang, utawa mbakyu)-ne bmi-hk kang asal saka Prigi/Watulimo, Trenggalek
Kira-kira saangkatan iki bisa nampung wong 20 - 25. Mengko sarampunge pelatihan digelar chatting bareng nganggo layar tancap ing Prigi. neng hk sabisa-bisa ya sing padha chatting ngumpul ing sawijing papan. diatur ben gayeng kaya onton bareng ngana kae mbokmenawa apik ya?
Trus yen ana sing pengin kirim foto saka hk, mengko ing indonesia disiapake printer, trus fotone bisa diprint kanggo kulawarga ing indonesia.
Sing tertarik lan pengin melok bisa ndhaptar mung kanthi kirim SMS nyang nomoe iki +6281 837 4138. syukur sisan ditulis ID YM kanthi genep (email), contone: kenang_lanang@yahoo.com
Tulung, ya, info iki digethoktularake nyang kanca-kanca liyane, mligine sing asal Prigi.
Suwun
Bonarine
saka kene
nggalek.co
-
Pada suatu malam saya janjian dengan Misbahus Surur --cah Munjungan yang
sekarang dosen UIN Malang—untuk ngopi bareng di Warung Huko. ”Oke, Mas!”
itu jawab...
8 tahun yang lalu
0 komentar:
Posting Komentar